CLICK HERE FOR FREE BLOGGER TEMPLATES, LINK BUTTONS AND MORE! »

Selasa, 06 November 2012

Tembung Saloka

Sejujurnya, saya tidak terlalu menyukai pelajaran Bahasa Jawa, tetapi karena saya orang Jawa, mari kita bersama-sama belajar bahasa Jawa. Kali ini kita akan membahas tentang TEMBUNG SALOKA


Saloka yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar lan ngemu surasa pepindhan. Nanging sing dipindhake wong.

Gatekna tuladha ing ngisor iki !

Coba yen melu-melu terus mesthi kaya iwak kalebu ing wuwu pungkasane yen kepepet ya kaya kebo lumumpat ing palang.
  1. Iwak kalebu ing wuwu (Saloka) =>> Kena apus sarana gampang banget
  2. Kebo malumpat ing palang (Saloka) =>> Ngadili perkara nganggo wewaton
Ing ngisor iki tuladha-tuladha sing liyane :
  1. Kutuk marani sunduk, Tegese Njarak marang bebaya
  2. Asu arebut balung, Tegese Pada rebutan barang sepele
  3. Becik ketitik ala ketara, Tegese Becik ala bakal ketara ing tembe mburine
  4. Blilu tau pinter durung nglakoni, Tegese Senajan durung mengerti nanging wis bisa nglakoni
  5. Lanang kemangi, Tegese Wong lanang sing jirih
  6. Klayang kabur kanginan, Tegese Wong urip sing kalunta-lunta
  7. Maju tatu mundur ajur, Tegese Kabeh budidayane ora kasil
  8. Ketiban awu banget, Tegese Ora ngerti apa-apa didakwa
  9. Keplok ora tombok, Tegese Melu seneng nanging ora wragad
  10. Madu balung tanpa isi. Tegese Padudon amarga barang sepele
  11. Lambe satumang kari semerang, Tegese Aweh pitutur bola-bali digape
  12. Nabok ngyikih tangan, Tegese Nindhaake tumindhak ala sarana kongkonan
  13. Sepi ing pamrih rame ing gawe, Tegese Tumandhang nggawe tanpa nduwe melik
  14. Tuna sathak bathi sanak, Tegese Rugi bandha nanging bathi sadulur
  15. Wiwit kuncung nganti gelung, Tegese wiwit cilik nganti tuwo
  16. Ulat mandhep ati karep, Tegese wis manthep banget
  17. Rebut balung tanpa isi rebut kemiri kopong, Tegese Padudon rebutan barang sepele
  18. Rawe-rawe rantas malang-malang putung, Tegese Kabeh sing ngalangi disingkirak

Tidak ada komentar:

Posting Komentar