CLICK HERE FOR FREE BLOGGER TEMPLATES, LINK BUTTONS AND MORE! »

Kamis, 08 November 2012

TEMBUNG RURA BASA

Wacanan Tuladhane :
Preian semester ganjil niki, Rina ngrencanakake arep lunga menyang Kedhiri tilik budhene.
Yen diparengake ibune, dheweke pengin ngajak kancane. Dheweke janji ing daleme budhe mengko arep sregep ngrewangi, masak lan resik-resik, umpamane ngrewangi adang sega lan nguleg sambel kanggo dhahar sarta nggodhog wedang  kanggo unjukan. Pakdheku senenge ngunjuk kopi panas.
Daleme budhe iku kalebu ndesa jalaran adoh saka kutha, mula aku seneng banget dolan marana. Ing ndesa aku bisa ndeleng samubarang sing ora ana ing Surabaya. Kaya umpamane ndeleng wong ngundhuh jeruk, menek klapa, negor gedang lan nunggu manuk ning sawah.
Saben dinane budhe mbukak warung murah dadi sing tuku ya akeh banget.
Umume wong-wong tkang ngenam klasa, tukang ndhudhuk sumur lan tukang mbatikh iket ngasone neng warunge budhe. Dene pak dhe senenge nunggoni wong tuku sinambi, nglinthing rokok mbakone...
 Aku seneng banget rasane, malah kancaku sajak krasan ora gelem mulih amarga seneng ndeleng warga desa padha makarya, kabeh katone uripe ayem tentrem beda karo neng kutha...
 Wacan ing dhuwur niki sing isih bisa dibenerake, yaiku :
  1. Adang sega, karepe adang beras supaya dadi sega
  2. Ngulek sambel, karepe ngulek lombok karo bumbu liyane supaya dadi sambel
  3. Nglinting rokok, karepe nglinting klobot kanggo dadi rokok
  4. Ngenam Klasa, karepe ngenam mendhog/pandhan supaya dadi klasa
  5. Menenk Klapa, karepe menek wit klapa
  6. Ndudhuk sumur, karepe ndhudhuk lemah dianggo sumur
  7. Nunggu manuk, karepe nungguni sawah supoyo parine ora dipangan manuk
  8. Mbatik iket, karepe mbatik kain mari utawa kain liyane supaya dadi iket
  9. Netel jadah, karepe netel ketan sing wis di edang digaweh jadah
  10. Ndeplok gethuk, karepe ndeplok tela sing wis di adang/ di godhog supoyo dadi gethuk
  11. Nggodhog wedang, karepe nggodhog banyu nggawe wedang
  12. Menek klapa, karepe menek wit klapa

Tidak ada komentar:

Posting Komentar