CLICK HERE FOR FREE BLOGGER TEMPLATES, LINK BUTTONS AND MORE! »

Kamis, 08 November 2012

TEMBUNG ENTAR

Tembung Entar yaiku tembung kang dhuweni teges dudu sabenere utawa wantah. Tembung Entar diarani uga tembung silihan (kata kiasan)

Tuladhane :
  1. Ora katon dhadhane = ora gampang wani adu arep
  2. Dawa tangane = seneng njupuk barange liyan
  3. Mata dhuwiten = sing dipikir mung dhuwit
  4. Entek atiku = kuwatir banget
  5. Banda tangan = males
  6. Mambu ati = dhuweni rasa tresna
  7. Lunyu ilate = mencla-mencle omongane
  8. Udan tangis = akeh sing nangis
  9. Jembar segarane = gampang manehi pangapura
  10. Adol bagus = pamer bagus / kemayu
  11. Rai gedheg = ora ana isin nang uwong
  12. Lobok atine = sabar
  13. Nganakake dhuwit = dhuwit dibungai
  14. Adus kringet = nyambur gawe rekasa banget
  15. Ngangsu kawruh = meguru
  16. Padhang ulate = sumeh / ngguyuan
  17. Nandur kabecikan = nggawe kabecikan
  18. Mbukak wadi = ngandhakake wadi (rahasia)
  19. Manis eseme = eseme ngresepake ati
  20. Entheng tangane = seneng tandhang nggawe

Tidak ada komentar:

Posting Komentar